Sabtu, 22 April 2017

Panganan enak saking kabupaten Blora

Blora, salah sawijining kabupaten ning Jawa Tengah panganan sing terkenal enak kuwi ana pirang-pirang yaiku:

1.  Dumbek.

Panganan iki di gawe saka ketan.  Warnane radha coklat radha lonjong lan rasane legi karo banget.  Nak wis nate ngraosake dhak jamin mengko bakal ketagihan.  Sayang, panganan iku ora isa awet, disimpen 2 dina uwis mambu.  Saliyane kuwi dumbeg ora ana sing adol mergane akehe digawe namung pas acara tertentu utawa nyambut tamu istimewa kayata aku pas balik desane bojoku.

2. Sate

Sate Blora wis terkenal sak Indonesia.  Ciri khas-e yaiku sambel-e dheploke nganthi alus banget, nandakake wong kana ya ngono, sabare poll.  Panganan iki gampang ditemoni, utamane ning cedhak-cedhak pasar.

3.  Lontong Tahu Blora

Lha nak iki ciri khas kuliner Blora mergane ra ana ning kutha liyane.  Sanajan akeh sing adol ning dalan-dalan, nanging jan-jane Lontong Tahu Blora iku sing paling penak ning jerone Pasar Blora sing cedhak alun-alun.  Nak ning Semarang, lontong Tahu Blora ya gampang ditemoni, cuma miturut pendapate penulis tetep sing enak ning daerahe dhewe.

4.  Serabi

Tinimbang Serabi Solo, Serabi Blora memang kurang terkenal.  Nanging ora berarti ora enak.  Serabi Blora dhuwe ciri khas dhewe yaiku rasane gurih. Sayange serabi Blora anane mung esuk karo sore.  Sak jam rong jam adol wis langsung enthek.  Dadi nak awakmu arep ngrasakke serabi Blora ya kudu nginep ning kana ben ngerti wayahe dodol.

Menika ulasan bab panganan ning Blora, menawi wonten kiranganipun nyuwun pangapunten ingkang kathah.  Nak bab foto-fotone suk maneh nak bar bali desa dhak upload theng mriki.